Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

Andhe-Andhe Lumut

      Kacarita Raja Putra Jenggala, Asma Raden Panji Asmarabangun, jengkar saka praja, saperlu namur laku ( nyamar ) dadi kawula.Jalaran adreng penggalihe anggone daya-daya kepengin ketemu karo ingkang garwa, ya Dewi Galuh Candra Kirana. Nganti sawijining wektu Sang Abagus kantaka ing tepining alas gung liwang-liwung, jalaran banget sayah lan lungkrahe.
      Mbok Randa kaget bareng weruh ana sawijining nom-noman kang semaput, ijen tanpa rowang. Akhire Mbok Randa ngenteni nom-noman iku mau nganti tangi, sawise tangi Mbok Randa nakoni asal-usule dheweke semaput. Akhire Mbok Randa weruh lek kuwi asline cah kraton sing nyamar kanggo goleki putri yaiku Dewi Galuh Candra Kirana. Akhire Mbok Randa ngapek Andhe-Andhe Lumut dadi anake Mbok Randa.
     Andhe-Andhe Lumut ngadaake sayembara gae nemuake Dewi Galuh Candra Kirana. Seberang desa Dhadapan ono saduluran cah wedok-wedok sing keprungu sayembara kuwi. Akhire cah wedok-wedok mau budal marang omahe Andhe-Andhe Lumut nanging salah sijine ora ono yaiku Kleting Kuning. Cah wedok-wedok mau nyeberang kali nanging jembatane rusak lan akhire ono Yuyu Kangkang sing nulungi nyeberangake nanging kudu ono upahe yaiku sun.
     Akhire cah-cah mau teko omahe Andhe-Andhe Lumut nanging Andhe-Andhe Lumut ora gelem milih kabeh cah-cah wedok mau amarga bekase Yuyu Kangkang. Akhire Kleting Kuning nyusul sadulurane marang omahe Andhe-Andhe Lumut. Akhire Andhe-Andhe Lumut milih Klenting Kuning dadi bojone lan akhire urip bahagia lan mbalek ing kerajaan.
 

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS